"Selamat Datang Di Madrasah Aliyah (MA) Salafiyah Kalibanger Kota Pekalongan" *SELAMAT DATANG DI MADRASAH ALIYAH (MA) SALAFIYAH KALIBANGER KOTA PEKALONGAN*

Jumat, 11 November 2011

Khasanah Bahasa Jawi

Ngupadi Sejatining Sira
Dening: Abi Jel
 Kepala MA Salafiyah Pekalongan ( Ahmadun, S.Ag, M.S.I ) berdampingan bersama dengan Kepala SMP Salafiyah Pekalongan ( H. Mahmud Masykur ) dalam Yayasan Salafiyah Pekalongan

Sandyakalaning ratri wus klakon sumilak dening
Bayu kang tanpa ewuh nelakake gegaman sepi
Tajem, sadurunge kumlepat emprit ganthil gumrenggeng
Adol padudon rebut  papan panggone nandur impening wengi
Tan karasa maneh apa sejatining lara, sanajan atising rah
Tumetes  angukir goresan tatu noraning wates
Anteng,   tanpa swara
Wening, tanpa kumecap
Sesambating manuk wengi katon mecahake  cahyaning candra
Ananging tetep ora kuwawa nyingkep sajating rasa
Kang ngawe-awe sansaya ngadoh kagawa kerliping kartika
Wewayangan puspita warni sansaya ndadi
Memba rakseksa suka manjing sajroning dada
Memba samudra lara manjing salebeting ati
Nglumpruk tanpa aji, uwal kaprayitnan
Kentekan  daya anggone ngetung ari
Saking sawinjing mangsa marang mangsa sapiturute
Isih wae ra nemoni kang tansah dadi gegayutaning urip
Kamangka wus tekan watesing pangajab amrih
Kelakon gegandheng bebarengan napaki lunyuning margi surgawi
Sandyakalaning ratri tanbisa nerak wewayanganing puspita ati
Kang sumadya nresepake wangiaruming katresnanjati
Sumurat jingga eseming candra kesaput dening
Sumunar lintang waluku
Karasa jroning manah bebudene jiwa kang nandhang bronto…
Kangen mring Slira Mu…
Rikala sepining ratri sansaya nglangut
Gumantung sapanunggal pitakon
Neng ngendi padununge Aran kang Sawiji
Minangka geganthilaning rasa lahir lan bathin
Apa iki kang kinaran  dhawah lebeting samudera asmara
Nadhahi tumetesing embun pangasih  ngajap necep banyuning suwarga
Apa iki sejating rasa, sawise luh tan bisa mili
Amarga milik secuil katresnan asli
saking jroning welas sih Mu
Dhuh, Sopo sajatining Sira ?
                                                                                                            Pekalongan,    Juli 2011

MA Salafiyah Pekalongan Jaya